A. KRATONING SWARGA GAWE SAMPURNANING PREKARA KADONJAN
Soal bab pegatan.
Bareng Gusti wus rampung medar pangandika menkene mau, bandjur djengkar sala Galilea, lan rawuh ing wilajah Judea ing sabranging bengawan Jordan. Akeh wong wong kang pada nderekake, iku pada disarasake ana ing kanan. Ana wong Parisi pada sowan arep njoba Pandjenengane, matur mangkene: Punapa tijang kenging megat semahipun? Dedasar alas an punapa kemawin? Gusti paring wangsulan, pandandikane: Apa kpwe ora matja, jen kang nitahake manungsa ing mulabuka, anggene nitahake iku lanang lan wadon? Lan Pangandikane: Mulane wong bakal ninggak bapa-bijunge lan rumaket marang bojone, lan kekarone iku bakal dadi sadaging. Dadi wis ora loro, nanging mung anan daging sawidji. Lha, apa kang wus dikumpulake dening Allah, iku manungsa adja wani misah*. Nuli ature wong owng mau: Lha punapaa kok Nabi Muda ndawuhaken njukani serat-pegat, jen bade megat semah? Gusti paring wangsulan: Mergo saka atosing atimu Nabi Musa marengake kowe pegatan karo bodjomu, nanging maune ing mula buka rak ora mengkono. Dene saiki pituturku marang kowe mengkene: Sing sapa megat bodjone – ora dak rembug bab jen ana laku bandrek*-lan rabi lija, iku laku djina; lan sing sapa ngepek wong dipegat, iku laku djina.
*Kang dikumpulake ing Allah, manungsa adja wani misah. Ing kene Gusti terang pangandikane jen tetalining idjab ora kena diutjuli ing manungsa.
*jen ana laku bandrek. Ing kene Gusti ora maringi idin, bandjur kena pegat, awit teneg Gusti mung manut angger Musa, sing ing kene ditjeda kekurangane. Nanging ana pametjahan tjara dalan lija, kang ora kasebut ing kene. Ana ing Pasamuwan sabandjure St.Paolus (1 Koe.7,11) maringi idin pisahan, tanpa rabi maneh (pisah kebo); bisa balen wawuh betjik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar